Halaman

Sabtu, 21 Januari 2017

Buku Pedoman Pembawa Acara Upacara Pernikahan

buku panduan mc pernikahan bahasa jawa

Assalamu’alaikum Wr. Wb.



Bismillahir rahmanir rahim



Sanggyaning asepuh, pinisepuh, aji sepuh, para pepunden ingkang dhahat kinabekten, para pangemban pangembating praja, nayakaning nagri ingkang tansah paring pangayoman marang para dasih kaswasih. Barayagung temanten sarimbit ingkang binagya mulya, para rawuh kakung saha putri sumrambahing kadang werdha, kadang taruna ingkang pantes kinarya sudarsana.



Puja puji syukur konjuk mring Gusti ingkang Maha Welas saha Asih. Karana wonten ing kalenggahan samanke dumawah arining ………. katiti surya ingkang kaping ………. kula lan panjenengan pinarengaken makempal kanti kabagyan, katenteman lan kabagas warasan.



Kula nuwun amit pasang kaliman tabik, mugi tinebihna saking tulah sari miwah siku dendhaning pangeran, karana sumangke cumantaka madeg wonten arsa jengandika para nuwun inggih mradapa saking keparengipun Bapa ………. sarimbit garwa, ingkang samangke kepareng anetepi jejering asepuh, amiwaha putra ambiwalda siwi ingkang putra-putri pun kesumaning dyah ayu ………. ingkang kadhaup kalayan jejaka tamaruna atmaja kakungipun Bapa ………. miji saking tlatah ………. akekasih dimas bagus ………. kinen madeg kinarya pambyawara laksitaning upacara adat panggit temanten.

Sangyaning alenggah, para rawuh kakung saha putri ingkang lebda ing pambudi. Kapareng kula aturaken menggah urut reranta maning adicara ingkang arsa lumampah samangke, nuwun inggih tinarbuka kanti wijilipun temanten putri sumambung rawuhipun temanten kakung nulya ndungkap adicara panggih ingkang kawiwitan kanti bebalang gantal dumugi sri temanten sarimbit kasindur manjing sasana kanugrahan.



Riwusnya sri temanten anjoging sasana, rinengga nulya ndungkap gatiningkang adicara bobot timbang temanten, ingkang katerasaken tanem temanten. Purnaning tanem temanten ngancik rerantamaning adicara saterasipun inggih menika kacar-kucur tanpa kaya guna kaya, dhahar kembul, ngunjuk tita wening, katerasaken beset panggang. Purnaning sri temanten sarimbit samya bebesetan panggang mulya ingacaran sowan mring tiang asepuh saperlu sumungkem.



Para rawuh sedhahan ingkang pana ing pamawas. Minangka adicara candakipun nuwun inggih pamedar sabda, lungtinampaning putra temanten kakung. Sasampunipun pamedar sabda paripurna nulya kirab kanarendran sumambung kirab kasatrian. Dena purnaning pahargyan samangke, sri temanten pinaringan restu pangestu kanti ajawat asta, nuya sungging pepenget keluargi.



Mekaten menggah urut rerantamaning adicara ingkang arsa lumampah samangke wilujeng amirsani kanti mardikaning panggalih, nuwun.



“Sangyaning alenggah, para rawuh kakung saha putri, pangarsaning upacara nuwun inggih panjenengan Ibu ………. sampun paring sasmita bilih upacara adat panggih temanten siaga kawiwitan. Tinarbuka kanti mijilipun temanten putri ingkang kairing gangsa ket. Sekar Teja.”



Binarung swaraning pradangga, ana ganda arum mangambar angebaki jroning pawiwahan. Nulya kawuryan ana teja angeguwung mawa praba, lah punika teja lan prebawane pinegantyan putri ingkang mijil saking sasana mayang arum kinanti manjing ing sasana mulya.



Tuhu wanadya endah sulistiyaning warni, meloking wadana sumunar agilar-gilar kadya kencana binabar, palarapan nyela candani imba nanggal pisanan adepe tumengeng tawang, liyeping netro njait alindri. Gerana ngrungih latine nggula satemplik, yen mesem dan incrit-incrit pantes akarya wuyung. Angganira sedeng tur mantesi winimbuh sinasaban busana ingkang sarwi edi dalah peni. Karana tinarestesing sesatya ingkang mawa ratna katempuh cahyaning padam katon pating gelebyar pating clorot kaya kartika asesilih pernah.



Alon denya lumampah Sri Atmaja Penganten Putri membat madya lumengganging warih. Dupi prapteng samadyaning pawiwahan, mangkana kagyat kagara wekasan! Karana uninga sangyaning para tamu kakung saha putri ingkang sampun ambalabar ngebaki jroning pawiwahan bebasan nganti kaya ndoyong-ndoyongna pacak sujining pandapi agung bale winangun. Marwa tumanduking rasa ingkang dhahat tumaneming kalbu, kaya linobong jroning panggalih. Nulya tumoleh mangiwa ingkang sarta manengen minangka atur pambagya harga ingkang nyata tan kawijiling lati.



Tan rinas samangke tindaknya sang putri riwus prapteng dampar kanugrahan, nulya ing acaran lungguh dening pangarsaning upacara. Jaiting netra miwah lakering wedananira sang kusumaning dyah anggambar kanti cetha dahat ngalela sumengkaning wardaya ingkang tuhu datan saranta hangrantu praptane jejaka tumaruna kang dadi gegantilaning atine, mangkana pangudas maraning diri ingkang dereng kababaring lesan.



“Para rawuh para sedahan ingkang lebda ing pamawas, rawuhing Sri Atmaja Penganten Kakung, samangke binarung swaraning lanc. Kebo Giro.”



Nora kaya aning pagelaran njawi, katon sri atmaja penganten kakung ingkang mijil saking wisma pangrantu.



Dupi pinaringan sasmita dening risang suba manggala nulya jumangkah sang binagus sigra mahasing wiwaha. Pyak ngarsa tangkeping wuri ingkang ambiwaldha tindaknya sang narpa dayenta, tinon saking mandrawa kaya selabraktiti, sela araning watu brakiti tegese semut. Kaya semut kang lumampah saduwuring watu anglur salur genting tan ana pedhote.



Dasar mudha tumaruna bagus warnane ngembang bawang pakulitane, sarira amraboto sembada ing driya. Yen ta tamtama sumbaga wiratama prawira jayeng palugon, tetag tangguh tanggon tanggung jawab prepating ngendhon.



Sampating busana ingkang pindha busananing narapati mahanani sang pekik katon agung, mrabu miwah mrabawa. Agung karana sinungging kaendahan ingkang nyata adiluhung, mrabu kaya narendra ingkang arsa tedak siniwaka lenggah ing dhampardhenta wondene mrabowo kebaking pangaribawa adi endah milangoni.



Dupi prapteng wiwaraning pawiwahan nulya kandeg tindak ira sang binagus. Asrining gapura ingkang winangun kanthi kaendahaning sesekaran, nyata datan kuwawi weh prana mring temanten kakung kan lagya kepati amirsani kasulistyane temanten putri ingkang wus saya caket lumampah amprepeki. Nulya samangke kawuryan temanten sarimbit ingkang sampun sami apagut tingal, kocap !!! Tempuking pandulu catur netra ingkanglinambaran budi ingkang luhur, kaya ana daya pangaribawa ingkang ambabar karsa, dadi sarana pambukaning rasa ginaib ingkang dhahat tumaneming kalbu rumesep mring dhasaring nala.



Datan saranta daya-daya temanten sarimbit kumlawe astane sami bebalang gantal. Apata wujud werdaning gantal? Gantal dumadi saking sedah lininting nulya tinangsulan mawa lawe wenang. Yekti ngemu pralamita yenta suruh lumah lawah kurebe, dinulu seje rupane lamonto ginigit nunggal rasane. Suka pangartosan senadyan ta ingkang sawiji jejering wanita ingkang sujuga pria, ananging yen wus manunggal cipta, rasa, budi lan karsane teges wus pinesti dadi jatu kramane. Marmane tinangsulan mawa lawe wenang. Muga riwusnya tinangsulan ing akrami samiskara nyawiji, saeyek saeka kapti Tanana suwelang kayun.







Mecah Tigan



Paripurna temanten sarimbit dennya bebalang gantal, nulya jumangkah anyaketi kanang antiga cinaketing bokor kencana. Mangkana kanang antiga kinukup mawa piring pratala sigra tinapak ing pepada dening sang binagus. Riwusnya tinapaking pepada daya-daya kinecak !!! Temah lebur kumur-kumur datan kenging kinukup. Katon temanten putri ingkang anjengku nulya ambasuh samparanipun ing keng raka mawi tirtaning sekar tri warna ingkang kambang-kambang kumambang jro bokor kencana. Dumadi saking sekar mawar, melati ingkang serta kanthil. Yekti ngemu pralampita wus winawaring tembung manis lumantar kedaling lathi, dadi sarana pambukaning karya tama ingkang anggung kumanthil-kanthil aning pardoning netra tumaneming tung-tunging sanubari.



Riwusnya binasuh samparanira, nuya kumlawe astane temanten kakung njumenengaken sang kekasih saengga sumangke ingkang sarimbit katon jumeneng jajar, ginambaraken sanduwur pasangan roning pisang raja. Suka pangartosan dene sang binagus kalayan sang dyah ayu arsa winisuda dadi raja lan ratu risajuga. Raja lan ratu wus ngarani risajuga tegese sedina. Nyata samangke ingkang sarimbit giya kawiwisuda dadi raja lan ratu jrone sedina.



“Sagunging para rawuh kakung saha putri, ndungkap gatiningkang adicara sindur binayung ingkang kabiwalda sawontening gangsa mijil kodok ngorek.”



Ana titahing Gusti ingkang asipati jalu tanapi wanita, sumedya anetepi darmaning agesang ngancik alam madya amastuti dhawuing Pangeran ingkang sinerat jroning Qur’an, sarta angleluri laksita harja nulad lekasira pra Nabi para Wali Kinarya dadi sarana sampurna denya ngibadah, sampurna denya manembah. Kanthi sarana daup tita wali karma ingkang linambaran Agama suci.



Dupi wus dumawah wahyaning mangsakala, temanten sarimbit gya binoyong kanthi senengban sindur dening ingkang rama saha ibu. Lamonta cinandra lekase kaya piwelinge risang sujana kawentar du king nguni anenggih Ki Hajar Dewantara, ing arsa sun tuladha ing madya mangun karsa Tutwuri Handayani, Baya sintenta ingkang lumampah mungguing arsa kinarya patuladhan? Lah punikata



Ingkang Rama anenging Bapa ………. ingkang ginupita ing madya mangun karsa Sri Atmaja Penganten sarimbit, samusul mungguh ing wuntat ingkang tansah tut wuri handayani, lah punika ta warnanira ibu ………. bebrayane penganten sarimbit ketuntun mring rehing kautamen, wani marang bebenar, sirik marang kanistan.



Alon dennya lumampah tumapaking pada tansah nut wiramaning gangsa, mangkana kawuryan samangke minggah sitinggil binatur rata anenggeh sasana kanugrahan. Dupi prapteng dhampar rinengga nulya kadheg, ndungkap gatining kang adicara bobot timbang temanten, laksitaning bobot timbang anenggih temanten sarimbit arsa kapangku dening ingkang rama. Riwusnya temanten kapangku nulya jumangkah ingkang ibu anyaketi pitambuh menggah awratipun temanten sarimbit. Mangkana aturira ingkang kawijiling lesan  (Ibu): “Bat-tobat, antawisipun anak lanang kalayan si genduk abot ingkang pundi bapake?”  (Bapak): “Mungguh boboting lair nyata beda abote ibune. Nanging mungguh boboting batin, katresnanku marang bocah loro iki wus sa timbang, satraju teges tan ana prabeda antarane anka mantu kalayan putra pribadi ibune.”



Paripurna gatining kang bobot timbang temanten, nulya sumambang tanem temanten. Katon samangke ingkang rama inggih Bapa ………. jumeneng sangarsane temanten sarimbit.



Netromira pijem, amra wasa paca hindriya among sajuga ingkang sindidikara muhung ngyenyandhang sihing Gusti murih denya nanem wiji sakembaran tansah binerkahan. Tebih saking salwering reridu, santiyasa tinuntun mring pepoyaning kautamen tansah runtung-runtung rerentengan teges tetep dadi jatu kramane wiwit saking dunya prapteng dedalan. Nulya kanthi kebaking pangati-ati temanten sarimbit kalungguhaken jajar aning dhampar rinengga. Samusul para pangapiting upacara ingkang ing acaran lungguh aning papa kang wus pinanci.



Riwusnya tumata denya samnya lungguh sowang-sowangan nulya ndungkap gatingingkang adicara kacar-kucur tanpa kaya guna kaya. Kacar-kucur yekti anggambaraken wajibing piyantun kakung ngupaya pangupa jiwa kinarya dadi sarana lestawri anggening bale wisma. Kawujudan kanthi beres ingkang kacampur receh, winandahan tilam lampus sinulam mawa suket kalanjana. Beras kinarya boga, wondene receh minangka pralampitaning wastra, tilam lumpus menika jagat gumelar lir umpamane, nulya suket kalanjana kang dadi wewalere. Dupi wus samapteng diri katon temanten kakung jumeneng ngucuraken kang beras kalayan receh, mangkana kawuryanngucur lamonta cinandra kaya ilining tirta ingkang mijil saking narmada, ngucur data nana pedhote. Ing pangajap mugi rejeki ingkang tinampi dening temanten tansah mili lumintu siang pantaraning ratri. Dumawah mring pepangkone temanten putri nulya kabundhel. Punika wau naming kinarya pralambang mugi jejering wanita/garwa, kedah tansah titi nastiti lan ngati-ati denya anampi guna kaya peparingipun ingkang raka. Riwusnya kabundhel, nulya temanten sarimbit reruntungan sowan mring arsanipun ingkang rama sarta ibu ngaturaken kebundhelaning beras kalayan receh minangka pratandha bektinira mring tiang asepuh kekalih ingkang nyata agung pangorbane, bebasan tan kena tinumbas yatra tinambak bandha. Sasampunipun tinampi dening ingkang ibu, temanten sarimbit nulya wangsul mring dhampar rinengga. Ndungkap gatiningkang adicara dhahar kembul. Dhahar mengku werdi, mugi pait getiring lelampahan samangkenipun tansah rinaosaken sesarengan kanthi dhasar asih tresna. Ngagengaken rasa syukur kanthi tansah narima ing pandum. Laksitaning dhahar kembul anenging temanten kakung ndulang temanten putri lan sawangsulipun.



Purna temanten denya samya dulang dinulang, nulya katerasaken ngunjuk tirta wening, suka pangartos mugi temanten sarimbit sanityasa, wening ciptane, meneb budine, hanggung denya tansah pasrah sumarah ingkang tanpa ngresah sinartan pambudi daya.



Kawuri sampun adicara ngunjuk tirta wening, nulya sinambung beset panggang. Apata wujud werdining panggang? Panggang dumadi saking sawung ingkang bineleh nulya pinanggang sandhuwuring brama. Werdinipun mugi temanten sarimbit tansah siaga manggang raga tegese lampah prihatin, murih sanatyasa binerkahan sih wilasaning Gusti. Kawis tinggal samangke temanten sarimbit, dupi pinaringan sasmita nulya kanang panggang sigra boneset satemah brall !!! Sigar dados 2



“Sangyaning para rawuh kakung saha putri, purna sri atmaja temanten sarimbit denya samya bebesetan panggang nulya ngancik adicara sungkem temanten.”



Penganten sarimbit jengkar saking papan pelenggahan, mandhap saking canela datan kantun nglorot kanang duwung. Sedyanira arsa sowan mring arsanipun tiang asepuh kekalih. Katon repepahan denya lumampah lamonta cinandra kaya sata manggih karma. Dupi prapteng arsanipun ingkang rama ibu, nulya andhadhap tumungkul amarikelu yayah konjem-konjema pratala wedanane, tangkeping asta dhumateng pepada, sinartan eninging cipta rumasuking sanubari among tansah nyenyandhang sih pangastawa. Mangkana datan karasa broll !!!  Mijil kanang waspa saking pardoning netrane temanten, apata sebabe? Karana temanten sarimbut enget marang ingkang rama kang wis kumawi ngukir jiwa lan ragane, angleliting witi timur tumekeng dhewasa mula dadi lantaraning tumuwuh. Enget marang ibu ingkang wus dadi papan yoga brata jrone mawa candra dosa ari, mapan aning gua garbane. Ginembol kinandhut siang pantaraning ratri. Alon aturira temanten kawijiling lesan  (Kakung): “Duh rama / ibu, ingkang putra nyuwun tambahing pangestu.”  (Putri): “Senadyan kawula ugi anyenyandhang lumintuning padyustawa duh kanjeng rama, kanjeng ibu.”  (Rama): “Ya ngger, anakku wong bagus kalayan kowe wong ayu, liar tumusing batin tak pangestoni anggenmu padha jodhoan. Ora ngemungake kuwi, siang pantaraning ratri anggonku tansah nyenyuwun mring arsanipun Gusti, muga sira sakarone tansah katuntun mring margining kamulyan, anggonku padha lelumban aning samudraning bebrayan age tumeko mring gisiking gegayuhan. Anakku ngger wong kang santosa lair lan batine, astu sida karya widada kang sinedya, lestari kang kahesti nuwun nukahan sihing Gusti ya ngger.”  (Penganten): “Kawula nuwun nuwun inggih dhateng kapundhi.”  Angles kekes kaya linorotan otot bebayune temanten sarimbit, dupi pinaringan sihing tiang asepuh kekalih, angga angalumpruk piha kapuk. Reriwean waspane amarwayah dumawah ing pepangkonipun ingkang ibu, lamonta cinandra kaya mutiyara rinonce. Ewa semana eling-eling wiwit timur tumekeng dhewasa temanten sarimbit angung ginunggung, ginula wantah mring kasantosaning budi mula among sakhedeping netra wus bangkit ngusadani onenging nala, senadyanta nandhang dhuh kito among cekap sinamuning samudana.

“Sagunging para rawuh, para sedhahan ingkang sinuba ing pakurmatan, mekaten sri atmaja temanten sarimbit sampun paripurna denya angadi adicara sungkeman. Samangke nulnya kapareng ngancik adicara sungging pangapit temanten. Dhumateng raka mas juru sungging kawula sumanggaaken….”



“Paripurna temanten sarimbit denya simungging kaapit dening tiang asepuh, dhatan kantun putri dhomas myang manggalayudha. Nulya ndungkap gatining adicara pamedar sabda, nuwun inggih lung tinamepening putra temanten kakung. Kawiwitan kanthi pasrah temanten kakung, kepareng madeg kinarya sulih raga tetalang basanipun Bapa ………. katur dhumateng bapa sasanagara sarwa kawula sumanggaaken, nuwun.”



“Tatas titis tetes pamedharing pasrah putra temanten kakung ing kawuri, nulya ndungkap atur panampi. Sa kawit bapa ………. arsa anyarirami priyangga, anampi pasrahipun bapa ………. lumantar bapa, ………. ananging gegandhengan kawontenaning panggalih ingkang bebasan kadya kajugrugan wukir sari karobaning memanis. Nuwun inggih awit saking genging kabagyan ingkang sinandang, satemah mboten kumawi mbabar jaiting karsa prentuling wardaya, awit sedaya tansah kandheg wonten samadyaning tenggak. Prawila samangke kepareng anyaraaya panjenenganipun bapa ………. kinarya cundhakaning atur kinen anapi pasrah ingkang kawedar kala wau. Katur bapa ………. kawula sumanggaaken. Nuwun.”



“Sangyaning alenggah ingkang tansah winantu ing suka basuki, mekaten sampun paripurna pasrah tinampening sri temanten kakung. Ndungkaprerantamaning adicara kirab kanarendran, nuwun inggih temanten sarimbit arsa kabedhol saking sasana. Pinajang, nulya kinanthi manjing panti busana saperlu gumantos busana kasatrian. Sinarengan kalayan jengkaring sri temanten, sagunging para rawuh sedaya kinaturan jengkar saking palenggahan, nulya mudhut dhedhaharan ingkang sampun cumawis. Jengkarira sri temanten kairing swantening gangsa sri narendra.”



Penganten sarimbit jengkar saking dhampar rinengga, lamonto cinandra kadi dene sesotya kembar ingkang caplok saking embanan. Mekantar-kantar prebawane penganten sarimbit datan siwah sri maha raja ingkang madhap saking kursi gadhing dhampar kencana, anganti rising prameswari kondur angedhaton. Mangkana tindaknya prapteng panti busana, nulnya pangarsaning upacara sung sasmita mring ingkang sarimbit kinen gumantos busana, lukar busana keprabon ngrasuk busana kasatrian.



“Sagunging para rawuh ingkang binagya mulya, sumangke temanten sarimbit sampun siaga kaboyong minggah sasana mulya, tindakipun sri temanten kairing ungeling gangsa suba kastawa.”



Wis tinarbuka wiwaraning panti busana, katon tlendhang-tlendhang lampahira sang abagus anganti sang dyah ayu mahas ing pawiwahan. Kawuryan ngrasuk busana kasatrian, tansaya mencorong prabane tansaya angenguwung guwayane tansaya mantep panggalihe. Lamonta cinandra kaya Bagus Danang Suta Wijaya atmajanita ki Gedhe Pamanahan ingkang akekanten asta kalayan Dewi Rara Smangkin Atmajanira Sri Sultan Nduara saking kali nyamat.



Umiring tindaknya, para putri dhomas kaprah winasta. Nan pager ayu ingkang pinarogan dening para Kenya pinilih. Dasar endah sulistyaning warni, tur merak ati, mumpuni sabaran kardi.



Sumusul mungguing wuri, ana jejakatumaruna bagus-bagus rupane sarwi kembar panganggone, lah punika ingkang winastan Manggala Yudha ugi sinebat Pager Bagus. Riwusnya temanten sarimbit prapteng sasana rinengga nulya ing acaran, linggih ing dhampar dhenta.



“Saguning para rawuh sedaya, ndungkap laksitaning adicara jawat asta lumiyat. Nuwun inggih sagunging para rawuh datin kantun baraya gung temanten sarimbit kinaturan paring restu saha pangestu kanti ajawat asta. Purnaning adicara jawat asta lumiyat nulya katerasaken kanthi sungging pepenet keluargi, ingkang kawiwitan saking keluargi temanten kakung sumambung keluargi temanten putri. Nuwun.”



“Sagunging para rawuh kakung saha putri ingkang kinormatan, baraya gung temanten sarimbit ingkang binagya mulya. Purwa, madya, wasananing gati nuwun inggih upacara adat panggihing temanten sampun paripurna. Kawula minangka pambyawara, tuhu salangkung kathah kekirangan, kekhilafan, galap gangsuling tembung miwah wor suhing tata basa mboten among tansah anyenyandhang lumunturing samudra pangaksami ingkang tanpa pepindah. Wasana Billahi Taufik Wal Hidayah.





Wassalamu’alaikum Wr. Wb.



Nuwun… Nuwun… Nuwun…