buku panduan mc pernikahan bahasa jawa
Assalamu’alaikum Wr.
Wb.
Bismillahir rahmanir
rahim
Sanggyaning asepuh, pinisepuh, aji
sepuh, para pepunden ingkang dhahat kinabekten, para pangemban pangembating
praja, nayakaning nagri ingkang tansah paring pangayoman marang para dasih
kaswasih. Barayagung temanten sarimbit ingkang binagya mulya, para rawuh kakung
saha putri sumrambahing kadang werdha, kadang taruna ingkang pantes kinarya
sudarsana.
Puja puji syukur konjuk mring Gusti ingkang
Maha Welas saha Asih. Karana wonten ing kalenggahan samanke dumawah arining
………. katiti surya ingkang kaping ………. kula lan panjenengan pinarengaken
makempal kanti kabagyan, katenteman lan kabagas warasan.
Kula nuwun amit pasang kaliman tabik,
mugi tinebihna saking tulah sari miwah siku dendhaning pangeran, karana
sumangke cumantaka madeg wonten arsa jengandika para nuwun inggih mradapa
saking keparengipun Bapa ………. sarimbit garwa, ingkang samangke kepareng anetepi
jejering asepuh, amiwaha putra ambiwalda siwi ingkang putra-putri pun
kesumaning dyah ayu ………. ingkang kadhaup kalayan jejaka tamaruna atmaja
kakungipun Bapa ………. miji saking tlatah ………. akekasih dimas bagus ………. kinen
madeg kinarya pambyawara laksitaning upacara adat panggit temanten.
Sangyaning alenggah, para rawuh
kakung saha putri ingkang lebda ing pambudi. Kapareng kula aturaken menggah
urut reranta maning adicara ingkang arsa lumampah samangke, nuwun inggih
tinarbuka kanti wijilipun temanten putri sumambung rawuhipun temanten kakung nulya
ndungkap adicara panggih ingkang kawiwitan kanti bebalang gantal dumugi sri
temanten sarimbit kasindur manjing sasana kanugrahan.
Riwusnya sri temanten anjoging
sasana, rinengga nulya ndungkap gatiningkang adicara bobot timbang temanten, ingkang
katerasaken tanem
temanten. Purnaning tanem temanten ngancik rerantamaning adicara
saterasipun inggih menika kacar-kucur tanpa kaya guna kaya, dhahar kembul,
ngunjuk tita
wening, katerasaken beset panggang. Purnaning sri temanten
sarimbit samya bebesetan panggang mulya ingacaran sowan mring tiang asepuh
saperlu sumungkem.
Para rawuh sedhahan ingkang pana ing
pamawas. Minangka adicara candakipun nuwun inggih pamedar sabda, lungtinampaning
putra temanten kakung. Sasampunipun pamedar sabda paripurna nulya kirab
kanarendran sumambung kirab kasatrian. Dena purnaning pahargyan
samangke, sri temanten pinaringan restu pangestu kanti ajawat asta, nuya sungging
pepenget keluargi.
Mekaten menggah urut rerantamaning adicara
ingkang arsa lumampah samangke wilujeng amirsani kanti mardikaning panggalih,
nuwun.
“Sangyaning alenggah, para rawuh
kakung saha putri, pangarsaning upacara nuwun inggih panjenengan Ibu ……….
sampun paring sasmita bilih upacara adat panggih temanten siaga kawiwitan.
Tinarbuka kanti mijilipun temanten putri ingkang kairing gangsa ket. Sekar Teja.”
Binarung swaraning pradangga, ana
ganda arum mangambar angebaki jroning pawiwahan. Nulya kawuryan ana teja
angeguwung mawa praba, lah punika teja lan prebawane pinegantyan putri ingkang
mijil saking sasana mayang arum kinanti manjing ing sasana mulya.
Tuhu wanadya endah sulistiyaning
warni, meloking wadana sumunar agilar-gilar kadya kencana binabar, palarapan
nyela candani imba nanggal pisanan adepe tumengeng tawang, liyeping netro njait
alindri. Gerana ngrungih latine nggula satemplik, yen mesem dan incrit-incrit
pantes akarya wuyung. Angganira sedeng tur mantesi winimbuh sinasaban busana
ingkang sarwi edi dalah peni. Karana tinarestesing sesatya ingkang mawa ratna
katempuh cahyaning padam katon pating gelebyar pating clorot kaya kartika
asesilih pernah.
Alon denya lumampah Sri Atmaja
Penganten Putri membat madya lumengganging warih. Dupi prapteng samadyaning
pawiwahan, mangkana kagyat kagara wekasan! Karana uninga sangyaning para tamu
kakung saha putri ingkang sampun ambalabar ngebaki jroning pawiwahan bebasan nganti
kaya ndoyong-ndoyongna pacak sujining pandapi agung bale winangun. Marwa
tumanduking rasa ingkang dhahat tumaneming kalbu, kaya linobong jroning
panggalih. Nulya tumoleh mangiwa ingkang sarta manengen minangka atur pambagya
harga ingkang nyata tan kawijiling lati.
Tan rinas samangke tindaknya sang
putri riwus prapteng dampar kanugrahan, nulya ing acaran lungguh dening
pangarsaning upacara. Jaiting netra miwah lakering wedananira sang kusumaning
dyah anggambar kanti cetha dahat ngalela sumengkaning wardaya ingkang tuhu
datan saranta hangrantu praptane jejaka tumaruna kang dadi gegantilaning atine,
mangkana pangudas maraning diri ingkang dereng kababaring lesan.
“Para rawuh para sedahan ingkang
lebda ing pamawas, rawuhing Sri Atmaja Penganten Kakung, samangke binarung
swaraning lanc. Kebo Giro.”
Nora kaya aning pagelaran njawi,
katon sri atmaja penganten kakung ingkang mijil saking wisma pangrantu.
Dupi pinaringan sasmita dening risang
suba manggala nulya jumangkah sang binagus sigra mahasing wiwaha. Pyak ngarsa
tangkeping wuri ingkang ambiwaldha tindaknya sang narpa dayenta, tinon saking
mandrawa kaya selabraktiti, sela araning watu brakiti tegese semut. Kaya semut
kang lumampah saduwuring watu anglur salur genting tan ana pedhote.
Dasar mudha tumaruna bagus warnane
ngembang bawang pakulitane, sarira amraboto sembada ing driya. Yen ta tamtama
sumbaga wiratama prawira jayeng palugon, tetag tangguh tanggon tanggung jawab
prepating ngendhon.
Sampating busana ingkang pindha
busananing narapati mahanani sang pekik katon agung, mrabu miwah mrabawa. Agung
karana sinungging kaendahan ingkang nyata adiluhung, mrabu kaya narendra
ingkang arsa tedak siniwaka lenggah ing dhampardhenta wondene mrabowo kebaking
pangaribawa adi endah milangoni.
Dupi prapteng wiwaraning pawiwahan
nulya kandeg tindak ira sang binagus. Asrining gapura ingkang winangun kanthi
kaendahaning sesekaran, nyata datan kuwawi weh prana mring temanten kakung kan
lagya kepati amirsani kasulistyane temanten putri ingkang wus saya caket
lumampah amprepeki. Nulya samangke kawuryan temanten sarimbit ingkang sampun
sami apagut tingal, kocap !!! Tempuking pandulu catur netra ingkanglinambaran
budi ingkang luhur, kaya ana daya pangaribawa ingkang ambabar karsa, dadi
sarana pambukaning rasa ginaib ingkang dhahat tumaneming kalbu rumesep mring
dhasaring nala.
Datan saranta daya-daya temanten
sarimbit kumlawe astane sami bebalang gantal. Apata wujud werdaning gantal?
Gantal dumadi saking sedah lininting nulya tinangsulan mawa lawe wenang. Yekti
ngemu pralamita yenta suruh lumah lawah kurebe, dinulu seje rupane lamonto
ginigit nunggal rasane. Suka pangartosan senadyan ta ingkang sawiji jejering
wanita ingkang sujuga pria, ananging yen wus manunggal cipta, rasa, budi lan
karsane teges wus pinesti dadi jatu kramane. Marmane tinangsulan mawa lawe
wenang. Muga riwusnya tinangsulan ing akrami samiskara nyawiji, saeyek saeka
kapti Tanana suwelang kayun.
Mecah Tigan
Paripurna temanten sarimbit dennya
bebalang gantal, nulya jumangkah anyaketi kanang antiga cinaketing bokor
kencana. Mangkana kanang antiga kinukup mawa piring pratala sigra tinapak ing
pepada dening sang binagus. Riwusnya tinapaking pepada daya-daya kinecak !!!
Temah lebur kumur-kumur datan kenging kinukup. Katon temanten putri ingkang
anjengku nulya ambasuh samparanipun ing keng raka mawi tirtaning sekar tri
warna ingkang kambang-kambang kumambang jro bokor kencana. Dumadi saking sekar
mawar, melati ingkang serta kanthil. Yekti ngemu pralampita wus winawaring
tembung manis lumantar kedaling lathi, dadi sarana pambukaning karya tama
ingkang anggung kumanthil-kanthil aning pardoning netra tumaneming tung-tunging
sanubari.
Riwusnya binasuh samparanira, nuya
kumlawe astane temanten kakung njumenengaken sang kekasih saengga sumangke
ingkang sarimbit katon jumeneng jajar, ginambaraken sanduwur pasangan roning
pisang raja. Suka pangartosan dene sang binagus kalayan sang dyah ayu arsa
winisuda dadi raja lan ratu risajuga. Raja lan ratu wus ngarani risajuga tegese
sedina. Nyata samangke ingkang sarimbit giya kawiwisuda dadi raja lan ratu
jrone sedina.
“Sagunging para rawuh kakung saha
putri, ndungkap gatiningkang adicara sindur binayung ingkang kabiwalda
sawontening gangsa mijil kodok ngorek.”
Ana titahing Gusti ingkang asipati
jalu tanapi wanita, sumedya anetepi darmaning agesang ngancik alam madya
amastuti dhawuing Pangeran ingkang sinerat jroning Qur’an, sarta angleluri
laksita harja nulad lekasira pra Nabi para Wali Kinarya dadi sarana sampurna
denya ngibadah, sampurna denya manembah. Kanthi sarana daup tita wali karma
ingkang linambaran Agama suci.
Dupi wus dumawah wahyaning
mangsakala, temanten sarimbit gya binoyong kanthi senengban sindur dening ingkang
rama saha ibu. Lamonta cinandra lekase kaya piwelinge risang sujana kawentar du
king nguni anenggih Ki Hajar Dewantara, ing arsa sun tuladha ing madya mangun
karsa Tutwuri Handayani, Baya sintenta ingkang lumampah mungguing arsa kinarya
patuladhan? Lah punikata
Ingkang Rama anenging Bapa ……….
ingkang ginupita ing madya mangun karsa Sri Atmaja Penganten sarimbit, samusul
mungguh ing wuntat ingkang tansah tut wuri handayani, lah punika ta warnanira
ibu ………. bebrayane penganten sarimbit ketuntun mring rehing kautamen, wani
marang bebenar, sirik marang kanistan.
Alon dennya lumampah tumapaking pada
tansah nut wiramaning gangsa, mangkana kawuryan samangke minggah sitinggil
binatur rata anenggeh sasana kanugrahan. Dupi prapteng dhampar rinengga nulya
kadheg, ndungkap gatining kang adicara bobot timbang temanten, laksitaning bobot
timbang anenggih temanten sarimbit arsa kapangku dening ingkang rama. Riwusnya
temanten kapangku nulya jumangkah ingkang ibu anyaketi pitambuh menggah
awratipun temanten sarimbit. Mangkana aturira ingkang kawijiling lesan (Ibu):
“Bat-tobat, antawisipun anak lanang kalayan si genduk abot ingkang pundi
bapake?” (Bapak): “Mungguh boboting lair
nyata beda abote ibune. Nanging mungguh boboting batin, katresnanku marang
bocah loro iki wus sa timbang, satraju teges tan ana prabeda antarane anka
mantu kalayan putra pribadi ibune.”
Paripurna gatining kang bobot timbang
temanten, nulya sumambang tanem temanten. Katon samangke ingkang rama
inggih Bapa ………. jumeneng sangarsane temanten sarimbit.
Netromira pijem, amra wasa paca
hindriya among sajuga ingkang sindidikara muhung ngyenyandhang sihing Gusti
murih denya nanem wiji sakembaran tansah binerkahan. Tebih saking salwering
reridu, santiyasa tinuntun mring pepoyaning kautamen tansah runtung-runtung
rerentengan teges tetep dadi jatu kramane wiwit saking dunya prapteng dedalan.
Nulya kanthi kebaking pangati-ati temanten sarimbit kalungguhaken jajar aning
dhampar rinengga. Samusul para pangapiting upacara ingkang ing acaran lungguh
aning papa kang wus pinanci.
Riwusnya tumata denya samnya lungguh
sowang-sowangan nulya ndungkap gatingingkang adicara kacar-kucur tanpa kaya guna kaya.
Kacar-kucur yekti anggambaraken wajibing piyantun kakung ngupaya pangupa jiwa
kinarya dadi sarana lestawri anggening bale wisma. Kawujudan kanthi beres
ingkang kacampur receh, winandahan tilam lampus sinulam mawa suket kalanjana.
Beras kinarya boga, wondene receh minangka pralampitaning wastra, tilam lumpus
menika jagat gumelar lir umpamane, nulya suket kalanjana kang dadi wewalere.
Dupi wus samapteng diri katon temanten kakung jumeneng ngucuraken kang beras
kalayan receh, mangkana kawuryanngucur lamonta cinandra kaya ilining tirta
ingkang mijil saking narmada, ngucur data nana pedhote. Ing pangajap mugi
rejeki ingkang tinampi dening temanten tansah mili lumintu siang pantaraning
ratri. Dumawah mring pepangkone temanten putri nulya kabundhel. Punika wau
naming kinarya pralambang mugi jejering wanita/garwa, kedah tansah titi nastiti
lan ngati-ati denya anampi guna kaya peparingipun ingkang raka. Riwusnya
kabundhel, nulya temanten sarimbit reruntungan sowan mring arsanipun ingkang
rama sarta ibu ngaturaken kebundhelaning beras kalayan receh minangka pratandha
bektinira mring tiang asepuh kekalih ingkang nyata agung pangorbane, bebasan
tan kena tinumbas yatra tinambak bandha. Sasampunipun tinampi dening ingkang
ibu, temanten sarimbit nulya wangsul mring dhampar rinengga. Ndungkap
gatiningkang adicara dhahar kembul. Dhahar mengku werdi, mugi pait
getiring lelampahan samangkenipun tansah rinaosaken sesarengan kanthi dhasar
asih tresna. Ngagengaken rasa syukur kanthi tansah narima ing pandum.
Laksitaning dhahar kembul anenging temanten kakung ndulang temanten putri lan
sawangsulipun.
Purna temanten denya samya dulang
dinulang, nulya katerasaken ngunjuk tirta wening, suka pangartos mugi
temanten sarimbit sanityasa, wening ciptane, meneb budine, hanggung denya
tansah pasrah sumarah ingkang tanpa ngresah sinartan pambudi daya.
Kawuri sampun adicara ngunjuk tirta
wening, nulya sinambung beset panggang. Apata wujud werdining
panggang? Panggang dumadi saking sawung ingkang bineleh nulya pinanggang
sandhuwuring brama. Werdinipun mugi temanten sarimbit tansah siaga manggang
raga tegese lampah prihatin, murih sanatyasa binerkahan sih wilasaning Gusti.
Kawis tinggal samangke temanten sarimbit, dupi pinaringan sasmita nulya kanang
panggang sigra boneset satemah brall !!! Sigar dados 2
“Sangyaning para rawuh kakung saha
putri, purna sri atmaja temanten sarimbit denya samya bebesetan panggang nulya
ngancik adicara sungkem temanten.”
Penganten sarimbit jengkar saking
papan pelenggahan, mandhap saking canela datan kantun nglorot kanang duwung.
Sedyanira arsa sowan mring arsanipun tiang asepuh kekalih. Katon repepahan denya lumampah lamonta cinandra
kaya sata manggih karma. Dupi prapteng arsanipun ingkang rama ibu, nulya andhadhap
tumungkul amarikelu yayah konjem-konjema pratala wedanane, tangkeping asta
dhumateng pepada, sinartan eninging cipta rumasuking sanubari among tansah
nyenyandhang sih pangastawa. Mangkana datan karasa broll !!! Mijil kanang waspa saking pardoning netrane
temanten, apata sebabe? Karana temanten sarimbut enget marang ingkang rama kang
wis kumawi ngukir jiwa lan ragane, angleliting witi timur tumekeng dhewasa mula
dadi lantaraning tumuwuh. Enget marang ibu ingkang wus dadi papan yoga brata
jrone mawa candra dosa ari, mapan aning gua garbane. Ginembol kinandhut siang
pantaraning ratri. Alon aturira temanten kawijiling lesan (Kakung): “Duh
rama / ibu, ingkang putra nyuwun tambahing pangestu.” (Putri): “Senadyan kawula ugi anyenyandhang
lumintuning padyustawa duh kanjeng rama, kanjeng ibu.” (Rama): “Ya ngger, anakku wong bagus kalayan
kowe wong ayu, liar tumusing batin tak pangestoni anggenmu padha jodhoan. Ora
ngemungake kuwi, siang pantaraning ratri anggonku tansah nyenyuwun mring
arsanipun Gusti, muga sira sakarone tansah katuntun mring margining kamulyan,
anggonku padha lelumban aning samudraning bebrayan age tumeko mring gisiking
gegayuhan. Anakku ngger wong kang santosa lair lan batine, astu sida karya
widada kang sinedya, lestari kang kahesti nuwun nukahan sihing Gusti ya
ngger.” (Penganten): “Kawula nuwun nuwun
inggih dhateng kapundhi.” Angles
kekes kaya linorotan otot bebayune temanten sarimbit, dupi pinaringan sihing
tiang asepuh kekalih, angga angalumpruk piha kapuk. Reriwean waspane amarwayah
dumawah ing pepangkonipun ingkang ibu, lamonta cinandra kaya mutiyara rinonce.
Ewa semana eling-eling wiwit timur tumekeng dhewasa temanten sarimbit angung
ginunggung, ginula wantah mring kasantosaning budi mula among sakhedeping netra
wus bangkit ngusadani onenging nala, senadyanta nandhang dhuh kito among cekap
sinamuning samudana.
“Sagunging para rawuh, para sedhahan
ingkang sinuba ing pakurmatan, mekaten sri atmaja temanten sarimbit sampun
paripurna denya angadi adicara sungkeman. Samangke nulnya kapareng ngancik
adicara sungging pangapit temanten. Dhumateng raka mas juru sungging kawula
sumanggaaken….”
“Paripurna temanten sarimbit denya
simungging kaapit dening tiang asepuh, dhatan kantun putri dhomas myang
manggalayudha. Nulya ndungkap gatining adicara pamedar sabda, nuwun inggih lung
tinamepening putra temanten kakung. Kawiwitan kanthi pasrah temanten kakung,
kepareng madeg kinarya sulih raga tetalang basanipun Bapa ………. katur dhumateng
bapa sasanagara sarwa kawula sumanggaaken, nuwun.”
“Tatas titis tetes pamedharing pasrah
putra temanten kakung ing kawuri, nulya ndungkap atur panampi. Sa kawit bapa
………. arsa anyarirami priyangga, anampi pasrahipun bapa ………. lumantar bapa, ……….
ananging gegandhengan kawontenaning panggalih ingkang bebasan kadya kajugrugan
wukir sari karobaning memanis. Nuwun inggih awit saking genging kabagyan
ingkang sinandang, satemah mboten kumawi mbabar jaiting karsa prentuling
wardaya, awit sedaya tansah kandheg wonten samadyaning tenggak. Prawila
samangke kepareng anyaraaya panjenenganipun bapa ………. kinarya cundhakaning atur
kinen anapi pasrah ingkang kawedar kala wau. Katur bapa ………. kawula
sumanggaaken. Nuwun.”
“Sangyaning alenggah ingkang tansah
winantu ing suka basuki, mekaten sampun paripurna pasrah tinampening sri
temanten kakung. Ndungkaprerantamaning adicara kirab kanarendran, nuwun inggih
temanten sarimbit arsa kabedhol saking sasana. Pinajang, nulya kinanthi manjing
panti busana saperlu gumantos busana kasatrian. Sinarengan kalayan jengkaring
sri temanten, sagunging para rawuh sedaya kinaturan jengkar saking palenggahan,
nulya mudhut dhedhaharan ingkang sampun cumawis. Jengkarira sri temanten
kairing swantening gangsa sri narendra.”
Penganten sarimbit jengkar saking
dhampar rinengga, lamonto cinandra kadi dene sesotya kembar ingkang caplok
saking embanan. Mekantar-kantar prebawane penganten sarimbit datan siwah sri
maha raja ingkang madhap saking kursi gadhing dhampar kencana, anganti rising
prameswari kondur angedhaton. Mangkana tindaknya prapteng panti busana, nulnya pangarsaning
upacara sung sasmita mring ingkang sarimbit kinen gumantos busana, lukar busana
keprabon ngrasuk busana kasatrian.
“Sagunging para rawuh ingkang binagya
mulya, sumangke temanten sarimbit sampun siaga kaboyong minggah sasana mulya,
tindakipun sri temanten kairing ungeling gangsa suba kastawa.”
Wis tinarbuka wiwaraning panti
busana, katon tlendhang-tlendhang lampahira sang abagus anganti sang dyah ayu
mahas ing pawiwahan. Kawuryan ngrasuk busana kasatrian, tansaya mencorong
prabane tansaya angenguwung guwayane tansaya mantep panggalihe. Lamonta
cinandra kaya Bagus Danang Suta Wijaya atmajanita ki Gedhe Pamanahan ingkang
akekanten asta kalayan Dewi Rara Smangkin Atmajanira Sri Sultan Nduara saking
kali nyamat.
Umiring tindaknya, para putri dhomas kaprah
winasta. Nan pager ayu ingkang pinarogan dening para Kenya pinilih. Dasar endah
sulistyaning warni, tur merak ati, mumpuni sabaran kardi.
Sumusul mungguing wuri, ana
jejakatumaruna bagus-bagus rupane sarwi kembar panganggone, lah punika ingkang
winastan Manggala Yudha ugi sinebat Pager Bagus. Riwusnya temanten sarimbit
prapteng sasana rinengga nulya ing acaran, linggih ing dhampar dhenta.
“Saguning para rawuh sedaya, ndungkap
laksitaning adicara jawat asta lumiyat. Nuwun inggih sagunging para rawuh datin
kantun baraya gung temanten sarimbit kinaturan paring restu saha pangestu kanti
ajawat asta. Purnaning adicara jawat asta lumiyat nulya katerasaken kanthi
sungging pepenet keluargi, ingkang kawiwitan saking keluargi temanten kakung
sumambung keluargi temanten putri. Nuwun.”
“Sagunging para rawuh kakung saha
putri ingkang kinormatan, baraya gung temanten sarimbit ingkang binagya mulya.
Purwa, madya, wasananing gati nuwun inggih upacara adat panggihing temanten
sampun paripurna. Kawula minangka pambyawara, tuhu salangkung kathah
kekirangan, kekhilafan, galap gangsuling tembung miwah wor suhing tata basa
mboten among tansah anyenyandhang lumunturing samudra pangaksami ingkang tanpa
pepindah. Wasana Billahi Taufik Wal
Hidayah.
Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
Nuwun… Nuwun… Nuwun…